Translate

Kamis, 12 Maret 2015

CONTOH TEKS PRANATACARA

CONTOH TEKS PRANATACARA
Ambal Warsa Sekolah
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
-Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang tuhu dahat kinurmatan.
-Bapak/Ibu Guru ingkang tuhu kula kurmati.
-Para kanca ingkang kula tresnani.
                Langkung rumiyin, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuaos, ingkang sampun paring rahmat, hidayah, lan inayah, sahingga kita saged ngrawuhi acara ambal warsa sekolah SMP Negeri 1 Pakem mboten kirang setunggal menapa.
            Kula minangka pranatacara ngaturaken matur nuwun dhumateng para rawuh sedaya amargi sampun nglonggaraken wekdal rawuh ing papan menika.
            Ing wekdal menika, kula minangka pranatacara badhe maosaken urut-reroncenge adicara, inggih menika:
1.      Pambuka.
2.      Tanggap wacana saking Ketua OSIS.
3.      Tanggap wacana saking Bapak Sekolah Kepala Sekolah.
4.      Motong tumpeng.
5.      Pentas seni.
6.      Panutup.
            Ngancik adicara ingkang kapisan, inggih menika pambuka. Mangga adicara kita buka kanti dedonga sesarengan miturut kapitadosan piyambak-piyambak. Sumangga! Cekap!
            Adicara ingkang kaping kalih, inggih menika tanggap wacana saking ketua OSIS. Dhumateng Nauva Rohman, wekdal lan papan kula aturaken. Matur nuwun dhumateng sedherek Nauva ingkang sampun maringi tanggap wacana.
            Adicara ingkang kaping tiga, inggih menika tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah. Dhumateng Bapak Wakijo Sarjana Pendididkan, wekdal lan papan kula aturaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Wakijo ingkang sampun maringi tanggap wacana.
            Ngancik adicara ingkang saklajengipun, inggih menika motong tumpeng. Dhumateng Bapak Wakijo minangka Kepala Sekolah supados kersa motong tumpeng. Wekdal lan papan kula aturaken. MaturnuwundhumatengBapakWakijoingkangsampunkersamotongtumpeng.
            Tumuju adicara ingkang saklajengipun, inggih menika pentas seni. Dhumateng para kanca ingkang makili kelasipun piyambak-piyambak kangge nampilaken kreatifitas piyambak-piyambak. Wekdal lan papan kula aturaken. Matur nuwun kangge para kanca ingkang sampun nampilaken kreatifitasipun piyambak-piyambak.
            Adicara ingkang pungkasan, inggih menika panutup. Sumangga adicara kita tutup kanti dedonga sesarengan miturut kapitadosan piyambak-piyambak. Sumangga! Cekap!
            Matur nuwun dhumateng para rawuh sedaya, mbok bilih kula wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten. Kula minangka pranatacara ngaturaken sugeng ambal warsa SMP Negeri 1 Pakem. Mugi-mugi dados sekolah langkung sae. Matur nuwun lan sugeng kondur dhumateng para rawuh sedaya.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar